SAPA wae kena nulak kategorisasine Clifford Geertz, kang merang masyarakat Jawa iku dadi telung golongan: santri, abangan, lan priyayi. Nanging diduwa apa disarujuki, gagasan-gagasane pawongan asli sabrang iki pranyata wis kelakon nyugihake lan ngumandhangake kawruh ngenani kabudayan Jawa sumebar saindenging jagad. Kapara ing antarane panaliti ngenani kabudayan Jawa, kayadene Ben Anderson, Niels Mulder, Franz Magnis-Suseno, lan Koentjaraningrat pisan, Geertz pantes entuk kawigaten lan papan mirunggan.

Lair ing San Fransisco, 23 Agustus 1926, Clifford Geertz miwiti panalitene ngenani Jawa taun 1950-an ing kutha cilik ing Jawa Timur, kang banjur diarani Mojokuto. Saka kono, dheweke kasil motret sejarah sosiale kutha cilik iku sarta sawernane owah-owahan sing lumaku. Tumrap Geertz, kutha sing satemene ora liya ya Pare iku, mujudake kutha ”kleyang kabur kanginan”, lan mulane iku katon kacau, anomis, lan tanpa tujuan.

Mesthi wae ora kabeh gambarane ngenani kutha kasebut, sawise setengah abad mungkur, isih katon tabete. Ibarate potret, gambar-gambare wis wiwit katon burem. Nanging, sok sapaan kang kepingin nliti, nlesih, lan njingglengi ruwet rentenge kutha-kutha ing Jawa, kaya-kaya tan kena ora kudu maca asil panaliten kang banjur dadi buku The Social History of an Indonesian Town (1965) iku.

Sadurunge kuwi, Geertz nerbitake disertasine, The Religion of Java (1960). Karya iki mujudake etnografi kang luwih dening jangkep ngenani masyarakat Jawa. Karya iku bajur dadi kondhang kaloka, amarga nepungake konsep aliran, kaya kang kasebut ing awal tulisan iki, minangka sawijining konsep kabudayan lan sawenehe konsep ngenani kategorisasi politik ing Indonesia .

Sawise dheweke nulis disertasine kang ngrembug ngenani religi Jawa, sing banjur dadi ketegori trikotomis iku, gagasan-gagasane gedhe pangaribawane tumrap sudut pandange sawetara ahli kang nyinau kahanan sosial, budaya lan politik ing Indonesia, mligine Jawa.

Pancen, karya mau ora luput saka kritik. Umume dipersoalake, upamane, kecenderungane Geertz nggunakake gambaran-gambaran ideal type kang asipat kontras. Nanging sing paling entuk sorotan tajem, bola-bali ya model trikotomine sing merang wong Jawa dadi santri, abangan, lan priyayi.

Perkarane, ora mung model mau wis ora jumbuh maneh karo realitas masyarakat Jawa sing saiki wis ngalami akeh owah-owahan, nanging luwih saka iku, ora sethithik ilmuwan sing mangu-mangu karo kesahihane minangka piranti analisis.

Satemene ora kandheg ing disertasi kasebut, Geertz uga nerbitake Peddlers and Princes kang mujudake studi antropologi ekonomi. Ing kene, sang penulis ngandharake konsep ekonimi bazar jroning laku dagang ing Indonesia nalika taun 1950-an.

Sadurunge kuwi, dheweke gawe andharan ngenani tetanen ing Jawa jroning buku Agricultural Involution: The Process of Ecological Change in Indonesia (1963). Konsep ngenani involusi tetanen minangka kemungkinan liya saka evolusi ditepungake ing kene.

Geertz uga kasil gawe tetandhingan antarane Islam kang ngrembaka ing Indonesia, Jawa mligine, lan Maroko lumantar Islam Observed: Religious Development in Marocco and Indonesia (1968).

Isih kanthi werna Jawa kang kenthel, ing The Interpretation of Culture: Selected Essays (1974), Geertz ngrembug kepriye agama lumaku minangka sawenehe sistem kabudayan, ora ngemungake sawijining ideologi asile rekayasa budaya. Amarga winatese pamikir, papa cintraka sing parasasat ora kuwawa sinangga, lan masalah-masalah moral sing ora bisa diudhari, manungsa sing nduwe agama ora saguh gawe penafsiran. Banjur dheweke malah nemokake ?jagad liya? sing aneh, chaos, lan ora dinuga cethek-jerone. Mula kanthi iku, Geertz banjur asung bundhelan, agama ora ngemungake kepriye manungsa ngudhari papa cintrakane, nanging kepriye manungsa kuwawa nandhang papa.

Dene tumrap masyarakat Bali, Geertz uga nate asung ”kado istimewa” lumatar karyane Negara: The Theatre State in Nineteenth Century Bali (1980). Iki mujudake studi ngenani politik klasik ing Bali sajrone abad kaping 19. Ing kene dheweke ngandharake konsep-kosep kayadene estate lan stateliness kang penting banget ing politik klasik nanging dikiwakake dening ilmu politik modern sing mung nggatekake marang konsep statecraft.

Publikasi-publikasi karyane Geertz pancen sumebar ing saindenging donya. Ing Indonesia wae, meh kabeh karyane sing asline nganggo basa Inggris wis diindonesiakake. Kabeh mau mujudake public relation (PR/humas) tumrap budaya Jawa lan masyarakat Jawa ing tataran internasional. Kanthi karya mau, wong-wong sajagad banjur padha melu ngerteni mungguh keprye uripe wong Jawa sesambungan karo budayane.

Kejaba saka iku, karya-karya kasebut pranyata wis kasil ndudut krentege panaliti-panaliti liyane saka manca (klebu panaliti domestik) nindakake panaliten lanjutan. Panaliten mau ana sing dhapur ngecakake maneh konsep-konsep sing wis diasilake dening Geertz, nanging ana kang kanggo nodhi kesakihane panaliten kasebut. Luwih-luwih kanggo ngrembakakake konsep-konsep antropologi lan sosiologi.

Semono saka gedhe pisumbange Clifford Geertz tumrap donyane antropologi lan sosiologi, klebu lan luwih-luwih tumrap masyarakat Jawa lan Bali sarta Indonesia umume. Sebab, tumrap ?wong Jawa?, asile panaliten-panalitene Clifford Geertz bisa dadi bahan lelimbangan supaya luwih kritis anggone mawas jagade dhewe, sahingga ora kejiret dening sikap-sikap chauvinis. Klebu, misa nyumuripa kemungkinan liya sing tan kinaya ngapa.

Tanggal 30 Oktober 2006 kepungkur, wong kang sengkud anggone nlite jagad Jawa iku sowan ing pinayungane Gusti. Nanging priyagung kang kagungan gelar PhD, Doktor Honoris Causa saka Harvard, Yale, lan Princeton, Harold F Linder Professor of Social Science lan Bintang Jasa Utama saka Republik Indonesia sarta puluhan gelar ngedab-edabi liyane iku wis maringi warisan sing ora bisa dikukur maneh kerta ajine. Sugeng kondur, Pak Cliff….